Geguritan: Ngetung Wengi

Kamis, 17 Juni 2010

NGETUNG WENGI
(Dening : Danang Te Arifal)

Ngetung wengi
siji mbaka siji
kaya wingi
gurit mung ukara-ukara sepi
nalika rembulan kentekan getih
ancik-ancik pucuking godhong garing

Gusti ?
Ah, wit wingi aku ra krungu kabare
(apa aku sing ora kepengin sapa aruh)

Saiki lagi krasa
pancen nglangut yen ra ana cahya-Ne

(Kudus, Januari 2008)

0 komentar:

Posting Komentar