Geguritan: Yen Banyu Wis Padha Tumiba

Kamis, 17 Juni 2010

Geguritan ini pernah dimuat di Majalah Panjebar Semangat No 23, 7 Juni 2008

YEN BANYU WIS PADHA TUMIBA
Dening : Danang Te Arifal

Yen banyu wis padha tumiba
baris jentrek-jentrek ing dalan-dalan
nelesi godhong-godhong

Kowe aja takon

Saiki banyu ora mung tiba
Nanging jentrek-jentrek dadi bregada
ngebaki kali
keli

Kowe aja takon

Sing keli ora mung godhong
kaya biyen ing sendhang
godhong garing keli
nggawa crita :
gojegane iwak wader

Saiki sing keli banyu bregada
saba ing omah-omah
ngelebi sawah
pari wurung dadi gabah
Rungakna,
banyune nggawa warta :
graji-graji ngombe lenga
nggragas mangan alas

(Kudus, Februari 2008)

0 komentar:

Posting Komentar